Wong sing ngamukan kuwe wong bodho, nalare cupet, wong egois, sumbune
pendek. Tik-tik ngamuk nek ana sing ora pas, malah kaya tawon gung...
Ra kena kesenggol blas, kesenggol sitik bae, aja takon dosa! Diamuk
sekayang-kayang.
Beda karo wong pinter... Dipikir disit, dimatna disit ben ngerti
masalahe lan syukur bage nek bisa ngerti jalan keluare, saora-orane
ngerti kepriben kudu b'sikap. Ora asal BRESSS!!!
Pokoke, nek ora ngerti aja isin takon. Aluwung meneng, ngematna bae
timbang melu ngomong lan utawa melu ribut. Nek ora kaya kuwe?
Menang ora kondhang kalah wirang...
====================
Kasinggihan. Justru niku masalahipun... Niku sing tek lakoni... Asal
BRESSS!!! Angsale mung isin lan isin. Saestu, ngrobah adat lan solah
bawa jebul boten gampil. Nek pun watek napa malih... Oalah Gusti...
Tangeh kelawan lamun... Kados boten onten rubahe...
Ning panci kedah dilampahi, sabotenipun nipisaken tuk setitik ben
boten tansah brisik dadine kecelik.
Kebumen, 21 Januari 2015, 06:30
-Djati-
#Sinau_Mikir

Tidak ada komentar:
Posting Komentar