Pathokaning Lelaku Prihatin Ngudi Kahutaman lan Kaluhuran:
1. Manawi badhe lelaku prihatin, badan raga kedah sehat, fit, batin
ugi kedah siap sesuai kalihan keniatanipun lelaku.
2. Patraping laku lahir lan batin kedah sampun priksa, sabotenipun
wonten guru utawi sesepuh ingkang njagani lan utawi mantau supados
manawi wonten punapa-punapa saged dipun cross check dados boten lepat
ing laku.
3. Lelaku kedah tarapan per tarapan mbaka sakedhik supados suksma jiwa
raga adaptasi, siap kalihan sangganipun laku lan lelakon ugi saged
meruhi lan ngerteni prosesing laku. Manawi langsung ingkang awrat
pamrihipun supados pikanthuk kasil maksimal, nggih boten patrap. Lare
SD kok nggarap tesis profesor?
4. Bab dumugi sapinten pikolehipun, gumantung dateng sapinten
pitukonipun. Sangsaya awrat pitukonipun, pikolehipun sangsaya
ngedap-edabi.
5. Manawi saestu wonten hasilipun utawi gampangan tembung wonten
ingkang badhe mlebet (ing lelaku utama lan luhur), pasti hawanipun
nyaman lan damel tentrem selaras kalihan niat lan panyuwunan ing
lelaku.
Dene manawi damel nggringsang, mangas-mangas, sarwa murub
kanepsonipun, gampangan tembung boten damel tentrem, punika sanes
saking garis utama lan utawi garis luhur.
Kedah eling lan waspada ing mriki, sabab garis utama lan luhur punika
boten gampil dipun udi, wonten sapletik kemawon ingkang nyimpang ing
batin boten bakal saged pinanggih lan utawi pikanthuk kasil.
Ingkang prayitno, saged kemawon ingkang ketinggal nentremaken jebul
malah garis nyimpang lan asor ingkang memba warna supados panjenengan
kerut mrika, sasar lumebet jurang penasaran tundonipun. Kedah dipun
cross check wongsal wangsul kalihan ingkang sampun putus ing ngelmu
lan dinyatakaken teng kenyataaning gesang pribadhi.
Mugi saged dados tambahing seserepan supados sageda lenggah ing
kahutaman lan kaluhuran, tansah pinaringan Sih-ipun Gusti Allah,
pikanthuk rahayu ing samudayanipun.
Rahayu rahayu rahayu.
Nuwun.
Kebumen, Jumat, 17 Oktober 2014, 14:17
-Djati-

Tidak ada komentar:
Posting Komentar