Entri yang Diunggulkan

Dahulu Mana, Telur dan Ayam?

Pertanyaan klasik dan ajeg yg jadi bahan debat tanpa ujung jika ngrembug bab Sangkan adalah... . . . . . Disit ndi endog karo pitik? (Dulu m...

Jumat, 17 Oktober 2014

Pusat Lelakoning Bawana

Sapa ta kang dadi Pusat Lelakoning Bawana?

Manungsa.

Tanpa ana manungsa, ora bakal ana lelakon ing bawana.

Kabeh kang ana ing jagad iya bawana kang gumelar iki kanggo manungsa,
digunakake lan diolah dening manungsa kanggo nyukupi butuhing
manungsa.

Sapira kuwasane manungsa anggone nggelar lan nggulung jagad iya bawana
iki, gumantung marang sapira kapinterane, kaluwihane, iguh pratikele
manungsa ngolah bawana saisine.

Manungsa kuwe sinakarsa, apa kang den usahakake iya diikhtiari pasti
diijabah dening Gusti Allah Kang Maha Mahaning Maha sesuai pitukon
manungsane.

Ala lan becik, nyimpang lan utama, asor lan luhur kasile saka
pitukone, uga manungsane dewe kang ngrasakake. Kabeh mau gumantung
marang obah mosike, dinamikane manungsane sesuai jaman kang lagi
kelakon.

Sangsaya abot pitukone saya dibelani tohpati pisan, sangsaya
ngedab-edabi kasile.

Mula, sanajan manungsa kuwe kang dadi Pusat Lekakoning Bawana, manawa
ora hanjaman lan ora gelem iguh pratikel, pasti bakal kalindes dening
lakuning jaman. Tundone kesandung ing rata kebenthus ing awang-awang,
hidup segan mati tak mau... Apes mblebes...
Saya saya manawa ora gelem gregah tangi kanggo mbengkas kabeh rubedha,
reruweh lan kala kang disandang... Duh, paribasan agawe cilaka pitung
turunan...

Saiki, kari kepriye manungsane, arep dadi Pusat Lelakoning Bawana
(saora-orane Bawana Pribadhi-ne dewe, syukur bage manawa bisa bawana
kang gumelar iki), apa mung dadi penonton kang anut grubyuk melu
lakoning liyan?

Jawaben dewe, ananging eling den eling, jawabane kudu dinyatakake
supaya jujur marang pribadhine karana wus nglakoni apa kang dadi
jawaban mau.


Kebumen, Jumat, 17 Oktober 2014, 15:30
-Djati-

Tidak ada komentar:

Posting Komentar